Kamis, 16 Januari 2020

geguritan




Geguritan yaiku puisi awa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.
Cara nemokake isi geguritan yaiku:
a.       Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni
b.      Nggateke ubungane larik siji lan sijine, banur menehi tandha ngaso(/) utawa sigeng (//)
c.       Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu , entar utawa lambang
d.      Gelekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite
e.      Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe
Tuladhane geguritan
Apa Bedane
Dening Sudi Yatmono
Opo bedane prosa karo puisi
Bedane ana ati
Apa bedane ati karo gori
Bedane mung prakara bumbune
Bedane apa bumbuni karo sing dibumboni
Bedane rak mung ono ning wadhah
Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
Lha apa bedane manungsa karo kewan
Ah iku urusane pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)

Bab kang kudu digathekake menawa nulis geguritan :
a.       Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra , guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale
b.      Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah , lan becik
c.       Bisa nggunakake lelewane basa ( purwakanthi, baliswara, saroja, entar , lan sapanunggale)
d.      Isine bisa pitutur , piweling, kritik, protes,nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale



Sumber : gegaran nyinau bahasa jawa 3

8 komentar:

Pranatacara

Pranatacara yaiku paraga kang nduweni ejibahan nglantarake titilaksana ing acara. Urut- urutane teks pranatacara yaiku : 1.     Sa...