Kamis, 16 Januari 2020

Pranatacara



Pranatacara yaiku paraga kang nduweni ejibahan nglantarake titilaksana ing acara.

Urut- urutane teks pranatacara yaiku :
1.    Salam pambuka
2.    Atur pamuji
3.    Atur kasugengan, kairing atur panuwun
4.    Wedharing gati
5.    Atur nyuwun pangapura
6.    Panutup
7.    Salam panutup

Babagan kang kudu digathekake supaya maca teks pranatacara gampang dimengerteni yaiku :
1.    Pangucapane kang trep
2.    Pamedhote ukara kang trep
3.    Intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4.    Mangerteni tandha wacan kanthi trep
5.    Swara kang cetha
6.    Ngatur aloh lan cepete pamaca
7.    Ngolah treping mlebu wetuning napas
8.    Mahami wacan
9.    Pracaya marang dhiri pribadi


Tuladha pethilan teks pranatacara

Assalamualaikum Wr.Wb.
            Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
            Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
...
            Caos uninga katur dhumateng para lenggah , bilih titi laksana ijab qobul putra pinanganten, nun inggih Rara ayu Kusuma putrinipun Bapa Joko ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Genes putra kakungipun Bapa Dahlan Susena ingkang wonten Sekayu Semarang, sampun kaleksanan Kanthi wilujeng nir ing rubeda duk naika dinten Selasa, 29 Maret 2016 wanci tabuh 09.00 mapan ing Sekayu.
            Paratamu kakung sumawa putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
1.    Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana
2.    Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten
3.    Atur pambagya yuwana saking hamengku karsa
4.    Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten
5.    Adicara ingkang angka gangsal sabdatama
6.    Wondene pratandha purnaning pahargyan  saking kulawarga minangka paran para

Para rawuh saha para lenggah , jumbah kaliyan urut reroncening tata upacara ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas wadana.
Jengkaripun temanten sarimbit saking sasana busana...

Isi teks pranatacara ing ndhuwur, yaiku:
1.    Teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab qabul
2.    Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan kalamullah, atur pambagya hamengu karsa , pasrah, sabdatama, lan paran para

ssumber : gegaran nyindau Basa Jawa 1



17 komentar:

Pranatacara

Pranatacara yaiku paraga kang nduweni ejibahan nglantarake titilaksana ing acara. Urut- urutane teks pranatacara yaiku : 1.     Sa...