Kamis, 16 Januari 2020

Pangkur




Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGGPA) Mangkunegara IV. Tembung  “ serat” tegese tulisan/karya, “wedha “ tegese wulangan/tuntutan, dene “tama” duwe teges utama/kautaman. Dadi , wose serat wedhatama iku wulangan luhurkanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur, sinom, pocung, gambuh,lan kinanthi.

Pangkur
Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah Jawa,
Agama ageming Aji

·         Pupuh pangkur ngemot tembang cacahe 14 pada. Sapada tembang pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung ‘mingkar’ tekan tembung ‘aji’
·         Guru gatra : wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane tembung pangkur ana 7
·         Guru lagu   : wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon wulone swara ing saben pungkasane gatra. Guru lagu tembang pangkur yaiku a,i,u,a,u,a,i.
·         Guru wilangan : yaiku wewaton cacahe wanda saben sagatra. Guru wilangane tembang pangkur yaiku 8,11,8,7,12,8,8.
·         Supaya gampang dieling-eling, guru gatra wilangan lan gurune lagune biasa ditulis :8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.


Sumber :buku gegaran nyinau Basa Jawa 1


15 komentar:

Pranatacara

Pranatacara yaiku paraga kang nduweni ejibahan nglantarake titilaksana ing acara. Urut- urutane teks pranatacara yaiku : 1.     Sa...