Kamis, 16 Januari 2020

kinanthi


Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahake.

Kinanthi
Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pundak-panduking pambudi
Mbengkas kahardaning driya
Supadya dadya utami       
  
*


Pupuh kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang kinanthi kiwa iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembung utami.
      Guru gatra saben sapadane tembang kinanthi ana 6 gatra utawa larik.
      Guru lagune yaiku :u,i,a,i,a,i
      Guru wilangane yaiku : 8,8,8,8,8,8
      Guru wilangan lan guru lagu biasane ditulis : 8u,8i,8a,8i,8a,8i

Pitutur luhur tembang kinanthi :
1.     Ati –ati ning urip
2.    Kudu biasa ngasah kalbu supaya pikiran tajam nangkap isyarat
3.    Awas lan iling
4.    Pengesahe sepi samun
5.    Wruh warana ning urip
6.    Tamba yes wus becik
7.    Lelakune ngelu sejati
8.    Bangkit anjur ajer
9.    Yekti tuna tinitah
10. Angulah lantiping ati


6 komentar:

Pranatacara

Pranatacara yaiku paraga kang nduweni ejibahan nglantarake titilaksana ing acara. Urut- urutane teks pranatacara yaiku : 1.     Sa...