Kamis, 16 Januari 2020

IKLAN



Iklan iku muudake kabar utawa pesen kanggo njurug utawa mbuuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Iklan kegolong dadi 2, yaiku iklan tulis awuud pamflet, poster, baliho dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elekronik kayate TV lan radhio. Iklan kang becik yaiku juur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimengerteni, narik kawigaten, sopan lan logis.

Unnsur- unsur iklan yaiku :
1.       Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake
2.       Pihak utawa pawongan kang masang
3.       Alamate sing masang
4.       Kahanan serta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake
Titikane basa iklan yaiku :
1.       Miguakake slogan
2.       Ukurane persuasi utawa mbuuk wong liya
3.       Miguakake subjek wong kapisan

Cara nggawe iklan sing apik :
a.       Sing dituju kudu cetha
b.      Sing ngirim kudu cetha
c.       Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha
d.      Narik kawigaten sing maca
e.      Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca
f.        Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake
g.       Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake
h.      Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling

Cara nulis iklan :
*      Temtokna ancase iklan
*      Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta
1.       Jeneng barang utawa jasa
2.       Sing nggawe iklan
3.       Alamat
4.       Kahanan utawa manfaat
*      Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja , cekak, emntes, cetha , sopan uga narik kawigaten


tuladha iklan :


Pro 4 BRI Yogyakarta
Ngeluri budaya Jawa
Frekuensi Am 1107 KHz
Programa pendidikan dan budaya

Acara
-          Kethoprak
-          Wayang kulit
-          Uyon-uyon Manasuka
-          Sandiwara Basa Jawa


Sumber: gegaran Nyinau jawa 2

7 komentar:

Pranatacara

Pranatacara yaiku paraga kang nduweni ejibahan nglantarake titilaksana ing acara. Urut- urutane teks pranatacara yaiku : 1.     Sa...